Wednesday, May 14, 2008

mbenakne blog

kakehan moco tips gae mbenakno pagerank nang google malah marai mumet dewe, akhire awak penasaran, trus nggae2 blog model www.meadowsage.com, karepku sih tak gae nge-trek opo ae sing wis tak lakoni pas dulinan2 blog iki. Contone artikel iki, asline iki budhal teko pengalaman dewe. Cuman pas meh ngelajutke kok malese ra dunung to yo.

Trus iseng2 maneh gae, http://www.megh.info/, asline blog kui tak rencanakno gae blog golek duit, model2 review ngono, nah pas tuku page rank e sik apik, tibake susah mertahanno pagerank kui, mangkane awak2an yo rodo bingung, iki yak opo, tapi ketoke pancen kudu sabar, soale blog liyane sing diurusi gak niat, tapi postinge rutin, model2 http://www.femalephotographysite.com/ iki malah pagerank e oleh apik.

Trus website model kesehatan, www.the-symptoms.net, ternyata pengunjunge yo lumayan, golek artikel e sing rodo susah, aku yo ra wani nulis sembarangan, masalahe lek ono wong mati gara2 salah nulisku lak yo suloyo tenan.

yawis lah mengko maneh dilanjut

Monday, May 12, 2008

walikan malang

Istilah2 boso ngalam sing awak2an sik rodok iling,.. iki sak liyane walikan tapi sing nggarai wong mumet masio wis ngerti rumuse walikan,..

Amrin = Ojob, Pacar
Lek nggae = amrinmu sopo saiki ? Pacarmu sopo saiki ?

Idrek = kerjo, kahanan, penggawean
Awakmu wis idrek tah ker ? Idrek Nangdi awakmu

Hayam = ngesek, kenthu (asale teko boso mayah, wayah)
Raimu ketoke mumet, gak jatah hayam tah ?

Diancuk, lek gak di iling2, akeh sing kilingan, lek pas katene nulis koyo saiki, diiling2 malah ra ketemu, pancen menungso. Tambahono rek lek onok sing iling.

Friday, May 2, 2008

Sepeda Montor

*melok2 arek2 sing nggae tipe2 wong numpak speda montor.

tipeku babi ngepet ae wis,..

onok sing mblayer diuber, ganok sing mblayer uber2 pulisi
ono tukang sego goreng nyurung gerobak, sik dibleyer2 ngajak balapan
ono arek TK umbelen mancal sepeda ban telu, dipepet dipendeliki
ono mbah2 mancal speda unto katene jumatan, di bleyer2 sarunge dibatek

Thursday, May 1, 2008

Mumet

Mumet, ndasluliaceng :))

Pirang pirang dino, kerjoan ganok sing beres, ngulak ngulik, dulinan blog sampek elek. Katene adus ae sampek ra sempat, jiambrut.

Nang kantor wonge yo podo ndancuki ne, akeh sing sok kuoso dumeh munggah pangkat, wis talah percoyo ae karo awak2an iki, nang ndukur malah ra enak, ra tau prei, mulih bengi terus, suloyo tenan sob.

Mari nggae blog sing isok ijol2an backlink ben munggah pagerank lan serp ne, mbuh isok mbuh ora, mbuh payu mbuh ora, dicoba ae lah, timban nganggur, alamate nang kene nang omah nontoki tipi karo dvd terus2an sue2 bosen